Teks Sesorah Basa Jawi
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh Alhamdulillahirabbil alamin,wabihi nastain waala umuriddunya waddin washolatuwassalamuala asyrofil anbiyaiwalmursalin sayyidina wamaulana muhammadin,waala alihi washohbihi ajmain ammaba'du. Engkang winengku pakurmatan,para dwija,para pujangga,para alim ulama,para sesepuh pini sepuh minangka panuntun tatakrami tumuju luhuring budi. Para bapa saha ibu dewan juri ingkang satuhu lebdo sedoyo kaweruh ingkng sinuba pakurmatan. Para kadang peserta lomba sesorah basa jawi saha para rawuh ingkang tansah pinaringan puji rahayu. Sesarengan kadherekaken mahastungkara puja,kanthi hangangklungake jangga muji syukur wonten ngarso dhalem Allah swt.ingkang sampun paring kanugrahan kawilujengan,kasarasan,katentraman,karaharjan,kamulyan mugi kajiwa kasalira waraden sagung dumadi. Sholawat saha salam konjuk baginda nabi agung Muhammad saw.ingkang paring pitulungan utawi syafaat wonten ing dinten kiamat.mugi kula saha panjenengan sami pinaringan syafaat...