Teks Sesorah Basa Jawi

 Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Alhamdulillahirabbil alamin,wabihi nastain waala umuriddunya waddin washolatuwassalamuala asyrofil anbiyaiwalmursalin sayyidina wamaulana muhammadin,waala alihi washohbihi ajmain ammaba'du.

Engkang  winengku pakurmatan,para dwija,para pujangga,para alim ulama,para sesepuh pini sepuh minangka panuntun tatakrami tumuju luhuring budi.

Para bapa saha ibu dewan juri ingkang satuhu lebdo sedoyo kaweruh ingkng sinuba pakurmatan.

Para kadang peserta lomba sesorah basa jawi saha para rawuh ingkang tansah pinaringan puji rahayu.

Sesarengan kadherekaken mahastungkara puja,kanthi hangangklungake jangga muji syukur wonten ngarso dhalem Allah swt.ingkang sampun paring kanugrahan kawilujengan,kasarasan,katentraman,karaharjan,kamulyan mugi kajiwa kasalira waraden sagung dumadi.

Sholawat saha salam konjuk baginda nabi agung Muhammad saw.ingkang paring pitulungan utawi syafaat wonten ing dinten kiamat.mugi kula saha panjenengan sami pinaringan syafaatul udhma wonten ing akhirul zaman.amin....aminn..ya rabbal alamin

Kepareng ngaturaken sugeng rawuh wonten ing adicara lomba Sesorah Boso Jawi konjuk dhumateng para kadang peserta lomba mugi kalis ing rubedo magih karahayon.

Para bapa saha ibu dewan juri ingkang dahat kinurmatan.Kanthi handap asoring atur keparengo kula ngaturaken sesorah boso jawi kanthi irah-irahan GLOBALISASI,Menopo to Globalisasi menika?kaperang global werdipun Universal utawi umum,miturut Martin All Brow globalisasi inggih menika lumampahipun tiang gesang wonten jagad sesrawungan ingkang wonten sesambetanipun kalyan jagad ingkang tunggal.dados dipun simpulaken kawestanan globalisasi inggih punika proses wonten pundikemawon antaraning manungsa tunggal,kelompok,saha nagari ingkang mbetahaken antawis setunggal lan setunggalipun.Amargi globalisasi menika ingkang sampun sumrambah wonten ing alam dunyo lan sedaya tiang ngraosaken pengaruhipun,utaminipun para muda lan mudi.salah satunggalipun pengaruh globalisasi ingkang diraosaken para muda lan mudi inggih menika wonten bidang teknologi telekomunikasi,utawi internet.

Internet!!!tembung ingkang mboten asing dipirengake saben tiang,utaminipun para muda lan mudi ingkang tansah gegaulan kalyan donyo teknologi.internet menika saget dipun panggihi wonten pundi kemawon lan kathah jenisipun.tuladhanipun inggih menika kados goegle,youtube,instagram lan sanesipun.

Para rawuh,bapa ibu dewan juri ingkang kawulo hurmati,saha para kadang ingkang kawula tresnani kula dak tangklet nggih?zaman sakniki sinten ingkang mboten gadhah hp?mesti yo sampun gadhah sedanten to?hpne yo mesti android-android sedoyo,nggih nopo nggih mbak?leres nopo leres mas?Sapunika hp inggih menika piranti komunikasi ingkang dipun gadhahi saben muda lan mudi indonesia.

Bocah sakniki nggih pirso kalyan MEDSOS.Medsos menika nopo to?Medsos punika media sosial ingkang saget nyaketaken sangsoyo caket lan nyaketaken ingkng tebih.Sedanten saget kito akses lumantar hp,muda lan mudi sakniki sayange nggeh kalih hp wonten pundikemawon gawanane mesti hp.arep mangan,turu,doln mesti hp.lajeng diagem selfi cekrak cekrik,lajeng fotone dipun upload wonten medsos lan digawe status tuladhanipun"Aku seneng mbok atiku nangis,weruh de e karo liyane" utawi he otw ocek-ocek brambang gaess.niku status nopo to mbak",mas"? Mosok nggih sedanten tiang kedah ngertos punapa aktivitase kita lan sanesipun.

Tuladhanipun inggih kang wonten wong wadon ayu,upload foto lajeng kang-kange kabeh ngertos mestine yo bakal dilike to,dijak tepangan dangu-dangu malah ketemuan.La pas ketemu jebule seng neng foto putih mulus tanpa jerawat (efek filter)jebul asline,,,,,astagfirullahaladzim

Poro sederek sedoyo ingkang kinurmatan dampakipun hp inggih menika:

1. Sinau ditinggalake

2. Sholat dinomor kalihke

3.Ngaji dilaleake 

Sedoyo punika nudhuhake bocah ingkang mboten sholih ananging bocah ingkang toleh.Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya saget mundhut hikmahipun.mboten wonten ingkang nglarang gadhah hp lan medsos,ananging kita kedah saget manfaatke kagem perkawis-perkawis ingkang positif tuladhanipun kagem syiar islam.Serasi kaliyan dhawuhipun Allah swt. Qs.At-Tin ayat 4.inghih punika

______________________________________________

Artosipun "Saktemene aku gawe manungsa saka bentuk kang paling utama "kanthi wujud kang utama kula dalah panjenengan sedaya kedah nggalih pripun indonesia tetep maju sedayanipun.Aning pakembangan teknologi saget waspada utaminipun para muda lan mudi kagrm penerus masa ngajeng lan mboten kagem ngejurake panguripan .

Dudutan sesorah punika:

1. Para sederek sedaya kedah waspada aning globalisasi wonten ing pakembangan menika

2.Muda lan mudi tetep kedah bekti marang tiang sepahipun

Cekap semanten atur kawula,menawi wonten tata tutur,kledak-kledukipun atur subosito ingkng mboten mranani penggalih dewan juri lan sedaya ingkang wonten mriki,kula namung manungso limprah nyuwun agunging samudra pangaksami.

Kupat duduhe santen,wonten lepat nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum wr.wb.

Komentar